Travel">
NASKAH DRAMA Ande-Ande Lumut
NASKAH DRAMA Ande-Ande Lumut
NASKAH DRAMA Ande-Ande Lumut
Disusun oleh
-Lorencia Mustofa Afandy
ATUR PRAWACANA
Ngaturaken smebah lan sujud syukur mugi ketamphi wonten ngarsaning gusti
kang moho agung, amargi kanthi berkah lan pitulunganipun gusti tugas drama
b.jawa punika saget purna kasusun.
Tugas punika kawula kanthi temen lan estu kagem netepi lan njangkepi tugas
naskah drama piwulangan waseso jawi, lan wonten pinten-pinten pitulungan
saking rencang, kerabat lan pangucal sahinggo saget purna kanthi sae lan endah.
Sedanten seratan meniko mboten estu lumrah hak leres, kagem nyampurna aken
sedanten klenta-klentu lan kiranganipun tulisan menika pramilo panyaruwe saha
panyendu tansah kula anthi-anthi saking sinten ke mawon ingkang maos.
Mugi-mugi seratan menika saget paring manfaat lan ngelmu ingkang manfaat
kagem sedanten ingkang maos seratan meniko, sugeng maos.
Nganjuk
A. Sutradara
1. Brilian Bagus Saputra (09)
B. Tokoh pemeran
BABAK 1 :
MBOK RONDHO DHADHAPAN : “Iki dusun dhadhapan le… kowe arep ngapa neng
kene?” PANGERAN : “Kula badhe mangembara mbok… ananging kula nyasar
mboten ngertos dalane.” MBOK RONDHO DHADHAPAN : “Wah… ya wis… kowe
melu mbok wae piye le? Tak dadekne anak angkatku yen kowe gelem.”
MBOK RONDHO DHADHAPAN : “Kawit sekiki kowe dadi anakku. Kowe tak
jenengke ande-ande lumut ya le?”
BABAK 2 :
MBOK RONDHO KLENTING : “Ngene ndug, ana warta sing penting banget.”
KLENTING BIRU : “Enten napa mbok, sajake kok tenanan. Wonten menapa?”
MBOK RONDHO KLENTING : “Kowe ngerti ta… mbok rondho dhadhapan sing
duwe anak bagus banget, jenenge ande-ande lumut?”
KLENTING IJO : “Wah mesti aku sing dipilih mengko, kan aku ayu…”
KLENTING ABANG : “Ora iso! Mesti aku sing dipilih ande-ande lumut dadi
garwane.”
KLENTING BIRU “Ora iso mbakyu, mesti aku ta…aku kan luwih cilik, kudune
mbakyu-mbakyu ngalah karo aku!”
KLENTING ABANG : “Heh!! Aku kan luwih tua saka kowe…kudune kowe ngajeni
aku dadi mbakyumu!”
(KLENTING ABANG, IJO, LAN BIRI NINGGAL MBOK RONDHO LAN MLEBU
OMAH) KLENTING KUNING KAWIT WAU MIRENGAKE PIREMBUGANE
SIMBOK LAN SEDHEREKIPUN. KLENTING KUNING MARANI MBOK
RONDHO LAN NGOMONG MARANG MBOK RONDHO.
MBOK RONDHO KLENTING : “Matur apa….? Apa kowe wes rampung nyapune?”
KLENTING KUNING : “Sampun mbok, ngeten mbok… kula inggih kepingin ndherek
saembara “Sinden Idol” supados dados garwane ande-ande lumut kados mbakyu-
mbakyu klenting.”
MBOK RONDHO KLENTING : “Owh ya wis…rene tak dandani kowe.” (MBOK
RONDHO MENEHI ANGUS LAN AMBU-AMBU KANG ORA ENAK MARANG
KLENTING KUNING) MBOK RONDHO KLENTING : “Ya wis sakiki kowe
ngumbahi klambi-klambine mbakyumu karo gone mbok neng kali kono.”
BABAK : 3
WIDODARI : “Kowe rasah wedi, aku iki widodari sing arep bantu awakmu!”
WIDODARI : “Aku arep menehi kowe pusaka… tampanen … mugo-mugo pusaka iki
keguna kanggo kowe. Iki jenenge Jimat Kalimosodo. Tampanen cah ayu.”
BABAK : 4
KLENTING BIRU : “Iya … piye iki? Bisa-bisa awake dhewe ora sido melu saembarane
mbok rondho dhadhapan?!”
KLENTING IJO LAN BIRU : “Wah…iya…ayo njaluk tulung yuyu kangkang wae.”
YUYU KANGKANG : “Wah…abot banget kuwi. Iso nanging enek syarate cah
ayu….enek imbalane.”
KLENTING IJO : “Imbalane apa ta…kon mbayar nganggo duwit?? Wah kowe kuwi
mata duwitan!”
KLENTING ABANG : “Ya wes lah yen duwit gampang….mengko tak bayar..”
KLENTING-KLENTING : “Prett…”
KLENTING IJO: “Iya,,apa ra enek imbalan liyane..??mosok tanganku sing wangi iki
bok ambungi??hiiiii”
YUYU KANGKANG : “Wah…seneng banget aku iso ngambung tangane cah wadon
ayu-ayu..” (KLENTING KUNING TEKO AREP NYABRANG)
KLENTING KUNING : “Wah… kok banjir ta? Piye carane aku iso nyebrang?? Wah
kae enek yuyu kangkang. Yuyu kangkang…yuyu kangkang mreneo. Aku njaluk tulung
sebrangne kali iki.”
YUYU KANGKANG : “Aku wegah… wes kono lunga.. aja rene meneh! Dasar wong
wadon elek.” KLENTING KUNING : “Alah…kowe kok jahat ta Yuyu kangkang…”
(KLENTING KUNING NGETOKNO PUSAKANE)
KLENTING KUNING : “Ya wis yen kuwi karepmu. Aku arep gawe kali iki asat.”
BABAK 5 :
KLENTING-KLENTING : “Assalamu’alaikum…”
MBOK RONDHO DHADHAPAN : “Owalah… arep melu saembara ta… Ayo nyanyi
siji-siji?!” KLENTING-KLENTING : “inggih mbok..” (KLENTING-KLENTING
GANTIAN NUNJUKNO KAPINTERANE NYANYI)
MBOK RONDHO DHADHAPAN : “Waw rondo cucok. Sek ya tak omongke ande-ande
lumut . mlebu siji-siji ya!”
ANDE-ANDE LUMUT : “Duh ibu…kula mboten purun.. duh ibu… kula mboten
meduun.. najan ayu sisane si yuyu kangkang.”
ANDE-ANDE LUMUT : “Duh ibu… kula mboten purun.. duh ibu… kula mboten
medun… najan ayu sisane si yuyu kangkang.”
ANDE-ANDE LUMUT : “Duh ibu…kula mboten purun… duh ibu… kula mboten
medun… najan ayu sisane si yuyu kangkang.”
MBOK RONDHO DHADHAPAN : “Waduh nduk wong telu ora gelem kabeh kae…”
(KLENTING KUNING TEKO MARA ING OMAHE MBOK RONDHO
DHADHAPAN)
KLENTING IJO : “Lha iya… rupamu elek ambumu ra enak. Aku wae sing ayu ditolak
kok apa mneh kuwe?”
MBOK RONDHO DHADHAPAN : “Owh… yen kuwi pilihanmu le, simbok manut
wae.”
ANDE-ANDE LUMUT : “Mbok, kula badhe ngmong jujur ngenani jati dirine kula.”
-RAMPUNG-
WASANA BASA