Nothing Special   »   [go: up one dir, main page]

Menyang kontèn

Gulma segara

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Codium Fragile

Gulma laut utawa rumput laut ya iku sumber daya hayati sing ana ing pasisir lan laut.[1] Istilah "rumput laut" iku rancu kanggo istilah botani amarga dienggo kanggo rong golongan "tuwuhan" sing béda. Ana ing basa Indonésia, istilah rumput laut dienggo kanggo nyebut gulma laut lan lamun.[1] Sing dimaksud gulma laut ya iku anggota saka végètasi sing kaloka alga ("ganggang").[2] Sumber daya iki racaké bisa ditemoni ing banyon sing berasosiasi karo ékosistem terumbu karang.[2] Gulma laut alam racaké bisa urip ing ndhuwur substrat pasir lan karang mati.[2] Ing pasisir kidul jawa lan pasisir kulon sumatra, gulma laut akèh tinemu ing dhuwur karang-karang terjal sing nglindungi pasisir saka terjangan ombak.[3] Ing pasisir kidul Jawa Kulon lan Banten contoné gulma laut bisa ditemoni ing kiwa-tengené pasisir Santolo lan Sayang Heulang ing Kabupatèn Garut utawa ing laladan Ujung Kulon Kabupatèn Pandeglang[3].Déné ing laladan pasisir kulon Sumatera, gulma laut bisa ditemoni ing pasisir kulon Provinsi Lampung tekan pasisir Sumatra Kidul lan Nanggroe Acèh Darussalam.[3] Saliyané urip ing alam bébas, ana jinis gulma laut sing dibudidayakaké karo sapérangan masarakat pasisir Indonésia.[4] Jinis gulma laut sing akèh dibudidayakaké contoné ya iku Euchema cottonii lan Gracilaria spp. Sapérangan laladan lan pulau ing Indonésia sing masarakat pesisiré akèh mbudidaya gulma laut ya iku wewengkon pasisir Kabupatèn Administrasi Kapuloan Seribu, Provinsi Kapuloan Riau, Pulo Lombok, Sulawesi, Maluku lan Papua.[4]

Panen rumput laut

Rumput Laut

[besut | besut sumber]

Didelok saka ngèlmu botani, sing dimaksud rumput laut ya iku lamun, sakelompok tuwuhan sajati anggota golongan monokotil sing wis adhaptasi karo banyu laut.[5] Lamun kurang mènèhi keunungan yèn didelok saka segi ékonomi, nanging padang lamun dadi panggon urip sing disenengi apa-apa sing urip ing laut dangkal ing laladan tropika.[5]

Kandungan lan Manfaat Rumput Laut

[besut | besut sumber]

Kandungan rumput laut lumrahé ya iku mineral esensial (besi, iodin, aluminum, mangan, calsium, nitrogen dapat larut, phosphor, sulfur, chlor. silicon, rubidium, strontium, barium, titanium, cobalt, boron, copper, kalium, dan unsur-unsur lainnya), asem nukleat, asem amino, protéin, mineral, trace elements, tepung, gula lan vitamin A, D, C, D E, dan K.[6] Manfaat rumput laut ya ikui:

  • Gawe bahan usada (anticoagulant, antibiotics, antihehmethes, antihypertensive agent, pengurang cholesterol, dilatory agent, dan insektisida.[6]
  • Amarga kandhutan gizine dhuwur, dadi bisa gwe ningkatake sistem makarya hormonal, limfatik, lan uga saraf.[6]
  • Ningkatake fungsi pertahanan tubuh, sistem makarya jantung lan peredaran getih, sarta sistem pencernaan.[6]
  • Obat tradhisional kanggo batuk, asma, bronkhitis, TBC, cacingan, sakit perut, demam, rematik, uga dipercaya ningkatake daya sèksual.[6]
  • Kandungan yodiume diperlokake awak kanggo nyegah lelara gondok.[6]
  • Kandungan klorofil rumput laut duwé sipat antikarsinogenik, kandhutan serat, selenium lan sèng sing dhuwur ing rumput laut bisa mereduksi estrogen. Rumput laut uga bisa ngurangi resiko kanker uga nambani kanker.[6]
  • Kandungan vitamin C lan antioksidane bisa nglawan radikal bébas.[6]
  • Duwe kandhutan serat sing bisa nyegah kanker usus besar, nglancarake pencernaan, ningkatake kadar banyu ing feses.[6]
  • Mbantu metabolisme lemak, saéngga nurunake kadar kolesterol getih lan gula darah.[6]
Rumput laut uga mbantu usada tukak lambung, radang usus besar, susah buang air besar lan gangguan pencernaan liyané.[6]
  • Bisa mbantu penyerapan kaluwihan uyah ing awak.[6]
  • Apik kanggo diet, ngurangi resiko obesitas, serat ing rumput laut duwé sipat maregi lan kandhutan karbohidrate angèl dicerna mula njalari wareg sing rada suwé.[6]
  • Anti oksidan sing duwé peran kanggo peremajaan kulit.[6]
  • Ngandung kalsium tikel sepuluh luwih dhuwur dibandingake susu, mula rumput laut luwih cocog dikonsumsi kanggo ngurangi osteoporosis.[6]

Pranala njaba

[besut | besut sumber]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]